Pages

Selasa, 07 Juli 2009

[STORY] ARIZONA




Grand canyon in arizona it's nice place .

Tempat tinggal edward dan bella [twilight], nice place. Dengan sungai California di bawahnya dan jurang-jurang besar dengan panjang max 4200 feet. Memukau pandangan.

It's very nice place. I hope I can go in that place . .

Senin, 06 Juli 2009

[CERPEN] KLAKSON KU!!!!!!

Horeee!!! Aku nduwe pit anyar. Merek e phoenix warna biru. Saiki aku iso numpak pit menyang sekolahan. Ora numpak Daihatsu meneh, amarga yen numpak Daihatsu aku ora betah pisan.
Aku tuku ing kilen pasar cedhak omahku, regane enem atus ewu. Sakdurunge tak tumpaki plastike tak copoti ndisik ing kono, amarga aku isin yen kethok numpak pit anyar. Hehehe ….
Tet….tot….tet….tot…teeeeet…. Aku kaget amarga krungu swara klakson sing kayata cah cilik kuwi. Jebulane kuwi klakson pit anyarku sing dimunikke karo bakule.
“Sakjane ora arep tak munikke, tapi ben ngerti, munine ora ketulungan to?” ngendikan Bapake.
“Halah Pak….Pak…., ngisin-ngisini Aku bae ik. Ora ono sing liyane to Pak?”
“Kuwi saka kono ne cah, yo kayak ngono”
“Yo wes lah Pak, mboten napa-napa. Nah wes bar. Niki artone Pak, matur suwun nggih Pak, Monggo”
“Nggih, ati-ati Cah”

Banjur Aku lunga numpak spedaku karo mesem-mesem. Wong-wong sing weruh padha bingung. Kae bocah ngopo, kok mesem-mesem dhewe, paling kayak ngono lah bathine Ibu-Ibu sing jagongan ing ngarepan.
Tekan Omah Aku langsung ndokok pitku ing teras omah. Ora lali tak kunci sisan, pit anyar ngono. Hahaha… Banjur aku mlebu omah lan buka buku Kimia amarga sesuk ulangan.

***
Yes!!! Dina pertama ku numpak pit. Pas meh mangkat, aku mikir sek, kayake kok ono sing ketinggalan yo?. Banjur Aku iling, jebulane durung nggowo tas, aku medhun saka pit lan mlebu omah.
Tet……tot……tet……tot…….teeeeeet…., weee?? Sopo kae?? Aku iling nek kuwi klakson pitku. Aduh isine Aku, tapi yowes lah, kudu cepet-cepet mangkat nek rak gelem telat. Pas aku meh nggenjot pitku, saka mburi ono sing ngundang. Aku weruh ana cah cilik sing geret-geret Ibune nyedaki Aku.
“Mas, nyuwun sewu….., sampeyan sadean es krim? Anak kula badhe tumbas,” pitakon Ibune.
“Hah??” Aku ora mudeng opo sing di omongke Ibu e.
“Es krim mah, es krim mah, es krim mah, es krim mah, es krim mah” saiki anake sing genti ngomong.
Aku meh ngguyu amarga anake ngomong kayak sing neng iklan, keju mah, keju mah, keju mah. Hihihi .
“Mboten niku Bu,” jawabku isih bingung. Sakbanjure kuwi Aku langsung lunga, sakdurunge ibu e ngomong maneh. KABUUUUUR!!!

Tekan sekolah jam 7.55. fuuuuh…. Alhamdulillah ora telat.
“Ngopo kowe menggeh-menggeh ngono?” pitakon kancaku, Rian. Dewekke lungguh sak bangku karo Aku ing panggonan paling pojok lan mburi. Hehehe …
“Hosh….hosh…Aku…..num…hosh….hosh…pak pit…”
“Haaaaaaa???!!” JDEEER!! Njerite Rian ngagettake Aku rak karoan. Sampe meja lan kursi goyang kabeh kayak gempa. Halah lebay.
“Kowe ki ngopo? Biasa wae!”
“Sing genah kowe! Numpak pit saka Bergota tekan kene??!”
“Emang omahku kuburan!!”
“Yo maksudte cedhake Bergota lah! Ngono we kok repot!”
JDUUUK!!! Aku ninju tangane Rian, jengkel. Rian mbales ninju aku. Jan-jane ki Rian takon serius po guyonan to?? Malah dadi tutuk-tutukan ngene.
“Kowe tenan numpak pit tekan kene?” takon Rian maneh.
“Ngeyelmu ki loh! Nek rak percaya, yok tak duduhke pitku kene!” Aku tangi saka kursi lan nuju ing jendela sing pemandangane lapangan basket ing ngarepan. Kelasku ana ing pojok lantai loro.
“Kae pitku! Wernane biru!” tunyukku ing pit seng dak dhokok ing pojok cedhak gudang olahraga.
“Biru igh!”
“Yo mesti, cah lanang yo biru! Emange kowe, cah lanang kok jambon!”
“Hooo…, modis kuwi”
“Halah modis, emange kowe ngerti modis ki apa?”
Rian mesem-mesem tok banjur ngomong, “Ora!” GUBRAAAAK!!

***
Pelajaran uwis di mulai, jam pertama karo keloro matematika sak banjure kuwi Kimia ulangan. Hadow… mak nyus!!!

Tet…tet….tet….
Bel ganti pelajaran uwis muni. Sak banjure Bu Rini budhal, aku lan kanca-kanca langsung buka buku dhewe-dhewe ngapalke rumus-rumus alkana, alkena, alkuna. Huuaaaa!!!! Akeh men sing kudu di apalke!!
Banjur ibu e rawuh karo mesem-mesem. Wah ki tandane tenanan ulangan. Kanca-kancaku langsung masang wajah mbesengut. Bu Nia langsung bagikke soal sing kudu dikerjakke.
Yowes lah Aku pasrah, mengko nek ono prinsip mol-molan mboh, rak urus. Kelas uwis mulai sepi, kanca-kancaku mulai konsentrasi karo soal ing ngareppe. Aku yo melu konsentrasi ngerjakke soal.
Kurang 15 menit maneh istirahat, kancaku ana sing uwis bar nanging isih ngoreksi-ngoreksi, aku yo uwis bar. Tapi males tak koreksi, dadine yo sak kareppe ngono. Hihihi . . .
Tet…..tot……tet………tot……teeeeeeeeet…
Hah??!! Sopo kuwi sing munik ke klakson pitku.
Hahahahahahahahahahahahaha……, krungu swara mau, koncoku sak kelas podho ngguyu kabeh. Sing durung bar ora sido ngerjakke malah melu ngguyu.
Aku isinne ora karuan, tapi untunge kanca-kancaku ora podo ngerti yen kuwi pitku.
“Hahahaha, pit te Asep ono klakson bakul es!” Aku kaget krungu suara kuwi. Banter banget. Sak kelas podho ndeloki aku kabeh.
“Riiiaaaaaaaaan!!!” Aku nutuk sirahe Rian, banjur maju ngumpul ake ulanganku. Aku langsung metu lan nuju ing kamar mandi.

JDEEEER!! Swara pintu kamar mandi tak banting.
Huuuuaaaaaaaa!!! Isin banget!! Rian ki jan tenan, lambe ember. Ora iso njaga rahasia. Aku kan isin banget. Dadine di deloki kanca-kanca to ya. Padahal aku wonge kan perfeksionis…..??? hehehe . gaya ngaku-ngaku kayak ngono barang.
Pokoke aku jengkel karo Rian!!! BYAAAAAAAR!! Banyu ing bak tak tutuk nganggo tanganku banter. Langsung wae, banyu sing kebak kuwi ngetokkake prinsip Archimedes… intine ana sing metu saka bak lah.
“Mak eeeeeee!!!!!” banyu sing metu kuwi, jebulane nyerang aku. Dadi sak awak teles kebes.
Aku metu saka kamar mandi, di delok i wong-wong sing lagi ngantri kamar mandi. Akeh-akehe malah podho ngakak kabeh.

Huwaaaaaaaaaaa!!! Apes tenan. Balik wae ah. Ben tasku neng dhuwur. Mengko ben digawa Rian, awas kae nek rak gawakke!!
Aku mlayu neng pitku sing anyar kuwi. Ora ijin BK barang, mung ngomong mbe’ satpam me yen arep bali salin. Satpam me malah ngakak weruh aku. Tak tinggal lunga wae. Sak karepmu lah Pak, omongku uwis putus asa.

Aku ngebut bali neng omah.

Minggu, 05 Juli 2009

[Story] Awal mula Ngeblog

ouch , , ,

ini untuk pertama kalinya agku balik agy ke blogger, stlh setaun vakum, gagh vakum jg dink. cz wkt tu bwat blog krn maog ujian praktek, wkt tu utda dksh kisi-kisi klog atda soal blogna, eeeh agku bwt blog dluan. hehehehe . . drpd pas ujian ru bwt blog khand lama, lundt gagal-gagal na. mencuri start gtoh . . hehehehe . .

cobag lah, stlh agku ngetik ni, bkalan srg agku isi ni blogger, ukey"??? chipt dah ...
Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...